AKU CAH KERJO
Bebasan nunggu mongso rendeng
Anggonku lek ngenteni kowe
Wes ono sesasi genep dino iki
Mas yen pancen tresnoku iki
Mbok anggep ora ono gunane
Aku ora kuciwo lan aku ora loro
Dek lungaku ora teges cidro
Aku lagi pengen mikir kerjo
Tak jalok kowe ojo keloro-loro
Dek tresnaku mung siji kowe
Langit bumi kang dadi seksine
Yen ning ati ora ono wanito liyo
Kowe ora sah sok mutusi
Aku ora neng ngendi-ngendi
Aku lungo among golek rejeki
Pangapurane awakku ora tau nyanding sliramu
Mergo tuntutan kerjoku nganti ora nduwe wektu
Wektu kanggo ngancani ugo ngeterke nyanyi
Kowe kudu ngerti lungaku golek rejeki
Dongakno lakuku ngayahi kewajibanku
Senajan abot anggonmu nanging kuatno atimu
Wes dadi kahanan aku lungo adoh paran
Ora bakal keledran nyanding wedokan liyan
Mas yen pancen kuwi karepmu
Aku yo mung tansah biso nungu
Tak kuatne atiku tanpo sliramu
Mas senajan kowe lungo kerjo
Seng tak jalok kowe tetep setiyo
Ojo nganti kegudo wanito liyo
Ojo keloro-loro lungaku ora teges cidro
Opo maneh nganti mikir aku wes ora tresno
Yo mong kowe seng tansah ono neng njero dodo
Ora ono tresno liyo mergo aku tansah setiyo
Kudu percoyo tresno ku iki mung siji kowe
Wani sumpah mati neng ati ora ono liyane
Janjiku tak buktekne ora mung ono lambe
Tunggunen baliku bebayan tekane saklawase
Dek lungaku ora teges cidro
Aku lagi pengen mikir kerjo
Tak jalok kowe ojo keloro-loro
Dek tresnaku mung siji kowe
Langit bumi kang dadi seksine
Yen ning ati ora ono wanito liyo
Kowe ora sah sok mutusi
Aku ora neng ngendi-ngendi
Aku lungo among golek rejeki
Anggonku ngabari yo mong liwat bbm-an
Kadang sinyal angel marai dadi penghalang
Neng yo kudu sabar ora usah nggo nesunan
Mergo tresno kui mestine akeh pacoban
Seng tak jalok kowe ojo nganti iang roso
Senajan aku kerep nggawe gelo lan kuciwo
Jembarno atimu sak jembare laut samudro
Kowe kudu ngerti yen aku iki cah kerjo
Mas yen pancen kuwi karepmu
Aku yo mung tansah biso nungu
Tak kuatne atiku tanpo sliramu
Mas senajan kowe lungo kerjo
Seng tak jalok kowe tetep setiyo
Ojo nganti kegudo wanito liyo
Sabaro aku yo mung cah kerjo.....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar