MENDING PEDOT
Janji janji janji marang awakku
Nyatane mung palsu palsu soko lambemu
Sak jane aku ngerti kowe kuwi mung ngapusi
Nanging opo awak iki iseh tresno setengah mati
Aku puyeng sirah iki mumet ora karuan
Mikir ke kowe cah ayu
Seng gawe pikiran neng opo kok koyo ngene
Mbendino tok sepelekke
Opo ora mikir kowe kuwi seng tak tresnani
Opo uwes lali kowe kuwi seng tak enteni
Nanging kabeh janji kowe wes ora terbukti
Mung nglarani ati pasrah karo sang ilahi
Wes cukup cukup cukup anggonku lek sandiworo
Lek pancen ora tresno tresno luweh becik kowe lungo
Ora iso tepo sliro gawe atiku nelongso
Mending pedot wae golek tresno seng liyane
Aku trimo pedot senajan rasane abot
Wes bacot kuciwo amung gawe aku loro
Ati wes ora biso neruske dalane crito
Marang kowe cah ayu mergo janji palsumu
Wes cukup semene anggonku nyanding awakmu
Senajan roso tresno iseh ana ning sliramu
Saiki kowe lungo soko adoh ing mripatku
Aku kudu kuat senajan pisahan karo awakmu
Ibarat tibo tasih ketiban ondo
Wes loro tambah di sio-sio
Opo kowe kuwi wes ora mikir
Timbang ngrasake tresnomu aku trimo sumingkir
Janji janji janji marang awakku
Nyatane mung palsu palsu soko lambemu
Sak jane aku ngerti kowe kuwi mung ngapusi
Nanging opo awak iki iseh tresno setengah mati
Wes cukup cukup cukup anggonku lek sandiworo
Lek pancen ora tresno tresno luweh becik kowe lungo
Ora iso tepo sliro gawe atiku nelongso
Mending pedot wae golek tresno seng liyane
Tidak ada komentar:
Posting Komentar