Banyu Langit
Suoro angin angin sing ngeridu ati
Ngelingake sliramu sing tak tresnani
Pengen nangis ngetok ke eluh nang pipi
Suwe ra weruh sejadyan mung ono ngimpi
Ngalemo ngalem ning dodo ku
Tambanono roso kangen ning atiku
Ngalemo ngalem ning aku
Ben ra adem kesiram udan ing dalu
Banyu langit sing ono duwur khayangan
Watu gedhe kalingan mendunge udan
Telesono ati ne wong sing kasmaran
Setyo janji seprene tansah kelingan
Ademe gunung mrapi purbo
Melu krungu suoro mu ngomongke opo
Ademe gunung mrapi purbo
Sing ning Langgran Wonosari Jogjokarto
Janjine lungo ne ra nganti suwe-suwe
Pamit esuk lungone ra nganti sore
Janjine lungo ra nganti semene suwene
Nganti kapan tak enteni sak tekane
 
Tidak ada komentar:
Posting Komentar