Sugeng Dalu
Sugeng dalu ati sing biyen tau ngelarani
wes suwe kowe ra rene, kowe lungo mung masalah sepele
kowe golek liyane
tambah loro, yakin kowe teko nambahi sengsoro
ngerusak tatanan ati, sing wes pengen lali
karo gedhe duwure balunganmu
aku wes ora gagas kata luka
wes cukup wingi ra pengen mbaleni
mari o lehmu dolanan ati
wes wayahe kowe kapok mblenjani
udan tangis e ati, saiki wes rodok terang
masih o iseh kadang kelingan
kowe sing tak sayang-sayang
saiki ming crito loro
mpun kadung mbekas ning dodo
perih e ati sing mbok paringi
wes cukup ra bakal tak baleni
 
Tidak ada komentar:
Posting Komentar